Beranda Opini Maca Lindhu, Maca Pratandha

Maca Lindhu, Maca Pratandha

151
BERBAGI

Maca Lindhu, Maca Pratandha

Dening:

Tukijo, S.Pd
(Dwija Basa Jawi SMP 17 Semarang/Pangarsa MGMP Basa Jawi)

JATENGPOS.CO.ID.Durung Suwe kepireng kabar ana lindhu ing laladan Sukabumi kanthi 4,5 saka richter. Mapan ing 48 km sakulone Kutha Sukabumi, Jawa Barat. Dumadakan kabeh padha geger, mlayu metu omah ing satengahing wengi. Ing pepeteng ,mbutuhake pepadhang. Wong saiki mastani gempa. Ana wujud gempa tektonik, gempa vulkanik, lan sapiturute. Apa lan geneya lindhu iku dumadi? Wong Jawa kang nuhoni ngelmu titen, bisa mastani lindhu kanthi kapitayane dhewe-dhewe.
Kedadeyan –kedadeyan saka alam nuduhake kuwasane Kang Kuwasa. Ora bisa diselaki, aja nganti disulayani. Jalaran sapa nyulayani alam kadonyan, mesthi bakal adhep-adhepan karo Gusti Kang Murwat. Wong Jawa ing padhesan kepungkur, asring mastani gempa iku lindhu. Bumine orag, lan kaya diputer-puter. Bocah-bocah padha bingung, lan nggolek papan pandhelikan(padha ngumpet).
Padatan wongtuwa biyen ndhawuhi bocah-bocah padha ndhelik ing ngisor meja. Waton nut ngendikane para sepuh, bocah-bocah banjur padha gumregah, ndhelik sangisore meja. Banjur ora mung mandheg ing ngisor meja, bocah-bocah mau banjur thukul pitakonan, apa iku lindhu?
Ing kawruh modern, lindhu bisa diwastani kedadeyan getaran ing lumahing bumi sing njalari anane obahing lempeng tektonik ing kerak bumi. Sakjane lindhu iku lumrah kedadeyan ing bumi, nanging saperangan kekuwatane kang cilik banget nganti ora krasa. Nanging yen dieting sarana seismograf, getarane bisa diukur.
Kaya ing Sabda Palon, ing taun Lawang Sapto Ngesthi Aji(1879), tumapaking kadonyan lagi wae tekan tengah-tengah. Saiki durung paja-paja. Pacobaning Gusti werna-werna, bangsa kita kudu kuwat nglakoni, jer basuki mawa bea. Sabdotomo kang ngemot jangkane Sabdo Palon pupuh Sinom ://Sanget –sangeting sangsara/kang tumuwuh tanah jawi/sinengkalan taunira/lawing Sapto Ngesthi Aji, upami nabrang kali/prapteng tengah-tengahipun/kaline banjir bandhang/jerone nyilepake jalmi/kathah sirna manungsa kathah pralaya// Ing pada sabanjure://bebaya ingkang tumeka/watara satanah jawi/ginawe kang paring kodrat,tan kena dipun singgahi/awit ing donya iki/ana angger-anggeripun/karsanireng jawata kinarya/amratandhani/ jagad iku yekti ana kang akarya//
Satemen lindhu iku minangka pratandha jaman. Bumi iki kalebu Tanah Jawa ana kang akarya kang rumeksa dening Gusti Akarya Jagad. Akeh manungsa, lan akeh pralaya. Mbok menawa iku mratandhani jaman tumapak ing babad kumitir. Mula, akeh kedadeyan ing alam kang asring nuwuhake kapitunan. Lindhu, iku mujudake owahing kahanan. Kuwi kabeh jalaran saka owahing kapribadhen, lan lakuning manungsa.
Akeh tumindak kang nalisir ing kasusilan. Nglirwakake babagan paugeran agami. Akeh tumindak kang ngrusak tatanan donya saisine. Negor wit-witan sawayah-wayah, nggoleki iwak sato laut kanthi cara ora lumrah. Kalebu tumindak congkrah marang sapadha-padha. Kuwi kabeh minangka tumindak kang ngrusak kadonyan. Gusti ora sare!
Jumbuhing kahanan lan kedadeyan lindhu, bisa dadi pratandha ing samadyaning bebrayan. Kanggo wong-wong kang tansah nduwe pamawas lan nuhoni kahanan, mesthi wae duwe pamanggih mligi. Ora kena lindhu mung diwastani kedadeyan biasane. Nanging, lindhu satemene, pratandha supaya wong urip tansah kelingan marang Gusti kang Akarya Jagad.
Ora kena, padha srei, lan tumindak dur angkara. Akeh pratandha saka alam, kang nuduhake dene manungsa iku kudu sayekti minangka kalifah fii ardhillah (pangarsa ing salumahing bumi). Sakjane ora mung lindhu kang dadi pratandha urip. Isih ana kedadeyan liyane, banjir bandhang, longsor, kobongan, lan liyane.
Yen wong-wong padha nuhoni iku minangka kalamullah, mesthine bisa dadi pratandha. Saka pratandha kasebut, mijil sawenehing pangarep-arep bakal urip mulya. Ora mung iku wae, saka pratandha kasebut, bisa ngindakake kapitayan marang Gusti Kang Akarya Jagad. Nuwuhake watak ngajeni alam saisine, ngurmati marang sapadha-padha. Satemah bisa kadhapuk watak luhur, nggungu kersane Gusti Allah.
Liding rembug, lindhu bisaa dadi pratandha ing samadyaning bebrayan. Ora kena tansah nggoleki luputing liyan, nanging kudu bisa amemangun karyenaktyasing sasama, amemayu hayuning dhiri, lan amemayu hayuning bawana. Ingkang wigati, kita kudu tansah eling sangkan paraning dumadi. Sumangga!(*/jan)